Kunci Jawaban
Kumpulan Contoh Teks Pranatacara Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa Singkat Kelas 9 dan 12
Simak berikut ini adalaah contoh teks pranatacara perpisahan berbahasa Jawa yang bisa dijadikan referensi acara perpisahan sekolah.
Editor: Putri Asti
Salajengipun kula (sebutkan nama) Ingkang titiwanci kajibah dados pranatacara badhe ngandharaken rantamaning adicara perpisahan ing dinten punika.
- Ngenani rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan inggih punika
- Atur pambuka
- Atur pangandikan saking ketua panitia perpisahan
- Pentas Seni saking Kelas VII lan kelas VIII
- Atur perpisahan saking sesulihipun kelas IX
- Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMP 1 Sumbergempol
Donga Panutup
Adicara kaping pisan inggih menika pambuka, sumangga kula dalah panjenengan sedaya kita buka adicara dinten punika kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur nuwun.
Adicara kaping kalih inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia wekdal saha papan kula kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan lan pentas drama tradisional saking kelas VII lan kelas VIII. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.
Adicara salajenge utawi ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan ingkang badhe dipun andharaken dening sesulihipun kelas IX. Kagem ingkang kajibah papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.
Adicara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMP 1 Sumbergempol. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, papan ugi wekdal kula aturaken. Sumangga. Matur suwun.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika donga sarta panutup. Sumangga kita pungkasi adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah kanthi sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin. Matur nuwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh menawi wonten kirangipun anggen kula matur.
Santen toyaning klapa nyuwun pangapunten saking kalepatan kula
Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh
Contoh Teks Pranatacara Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa Singkat Kelas 12
Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh
Bapak Kepala Sekolah SMP 1 Kalidarir ingkang kula bekteni. Bapak dalah Ibu Guru, para wali murid saha para Karyawan ingkang kula mulyakaken. Boten kesupen para kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Ingkang kapisan sumangga kita awiti adicara dinten punika kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos.
Sumber: Tribun Pontianak
| Kumpulan 50 Soal STS/UTS Matematika Kelas 7 Semester 1 Kurikulum Merdeka + Jawaban |
|
|---|
| PAI Kelas 8 Kurikulum Merdeka: Kunci Jawaban Rajin Berlatih Bab 2 Halaman 50-54 |
|
|---|
| Bahasa Indonesia Kelas 8 Kurikulum Merdeka Halaman 67: Rancangan Iklan dan Jawaban Soal |
|
|---|
| Bahasa Indonesia Kelas 8 Halaman 67 Kurikulum Merdeka: Kunci Jawaban Lengkap dan Jelas |
|
|---|
| Kumpulan 20 Soal PAS IPA Kelas 7 Semester 1 Beserta Kunci Jawaban |
|
|---|
:quality(30):format(webp):focal(0.5x0.5:0.5x0.5)/style/foto/bank/originals/sambutan-rt-1.jpg)